Dening : KI Naryo
kemrosak swarane ombak
banjir bandhang kang teko saka negara kulon
guling gemuling banyu butheg ganda pengar
kiprahe westernisasi
nrajang bumiku sing maune arum angambar
tanggul ambrol merga lena
kabeh lena, kagubet, kasrimpet, kabondo
Ucape dhemit..........."Bangga apa nutut"
bumimu wis dadi endhut
kiyamating budayamu ateges kiyamating negaramu
ha.........ha...........ha..........ha..................

dhemit-dhemit ngguyu nyekakak
kaya-kaya wis kelegan anggone nguntal jagad
sapa kuat mbendung ??
aku kabeh yaiku kawat-kawat kesabaran lan kawaspadhan.

No comments:
Post a Comment